Minggu, 13 Juli 2014

URIP

Manungsa mung jejer titah sakwantah,panggonane mung lali karo salah. Manungsa dititaeh padha,menawa mulih yo bakalane padha. Urip kui sing RASA-PANGRASA sanyatane sira urip ana sing nguripi,sira gedhe ana sing gedhekake,sira sugih ana sing nyugihake,mula aja padha adigang adigung adiguna,ndi bukti yen bekti? Manungsa mung sakderma usaha kaliyan ndunga,anane yo mung pasrah sumarah. Mulo sing nrimahan,ikhlas,tatag,njuk landhung atine karo pesthene Pangeran. Kang aran agama ya kui agemaning urip,tekenmu,obormu. Ngelingono mumpung teksih urip,sebab yen wis ora urip yo ora bisa bali maning,yen ora ana KAWULA yo ora ana GUSTI menawa ora ana GUSTI yo ora ana KAWULA ,aja dupe aja dumeh sebab ora ana barang KELAKON yen ora ana LELAKON ,apa sing koe tandur yo kui sing bakalen koe undhuh,mula aja kemakining urip,wong urip kui gak wajib gemuyu latah-latah yen nemui bungah,gak perlu nggriyeng tetangisan yen ketiban susah,sejatine bungah susah yo gegandhengan. Aja buru nepsu ndunyo kaya ta ngombe banyu segara,nuruti nepsu yo mung nyilapaken pikir,ngepyuraken ati,gatekno wewarah pituduh uga pituture wong tua,ora ana tembung mblangsak saka wong tua muruki,senajan nguantek mrejih yo mung kanggo baguse si putra. Ngertenono,urip mung sakdelo gawenen sangu goleten ngelmu kang ana elmune,yen ndunyo iki wis TUMEKA-TUMEKANING WATES,KABEH BAKAL SIRNA MULIH DENING MULA-MULANIRA ,ndueki apa aku njuk bisa apa aku ki!? Manungso kui isine mung partai hore,mulo ngembulo sing bisa gawe ELING-ELING uga ALING-ALING ,aja kagowo sing nyidrani. Urip kui sing waspadha tur eling,sebab lepat luput,becik bener mung beda tipis. Lakonana kang menurutmu bener,ning sing ngati-ati yen menurutmu salah.
Mumpung teksih gesang,ngajio nganti temen NGAJI KUI PENTING,AJA SING PENTING NGAJI lakunana ilmu dinganti lemaku. Urip kui sing BISA RUMANGSA,NING RUMANGSA BISA PANTES GAK DIURIPI...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar